Thursday, July 25, 2013

Pambagyaharja Supitan Bahasa Jawa

Haloha :D Long time no see :))
Kali ini aku mau berbagi tugas sekolahku pelajaran bahasa jawa tentang pambagyaharja supitan :)
Let's see ;)

PAMBAGYAHARJA SUPITAN

Assalamualaikum Wr.wb

Nuwun,
Para sesepuh, pinisepuh ingkang satuhu pantes sinudarsana (kaula bekteni). Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat ing kinurmatan.

Kaparenga kula sumela atur, nggempil kamardikan anggenipun sami wawan pangandikan. Kula minangka sulih sariranipun bapak Soeharto Sugiho sakaluwangsa ingkang hamengku gati kaparenga matur ing ngarsanipun para rawuh, medharake raos pangraos ingkang medal saking telenging manah.
Para rawuh ingkang dahat ing kinurmatan,

Ingkang sepisan bapak Soeharto Sugiho sarimbit ngonjukaken puji sukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, dene awit barokah, rohmat saha hidayahipun ing titi wanci menika saged ngawontenaken pawiwahan supitan putranipun ingkang angka I namanipun Cleopatra Sugiho.

Kaping kalihipun bapak Soeharto Sugiho sekaliyan mboten kesupen ngaturaken pambagya sugeng rawuh dhumateng para lenggah kakung sumawana putri kairing atur gunging panuwun ingkang tanpa umpami. Dene panjenengan sami sampun kersa nglonggarake wekdal , ngenthengake sarira saha penggalih kangge ngestreni adicara menika sarta paring donga pangestu dhumateng nak mas trisetyo nugroho.

Kaping tiganipun boten kesupen ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para tangga tepalih, sanak sedherek, mitra sutresna, tuwin para mudha-mudhi ingkang sampun kanthi lila legawa paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon ingkang ndadosaken rancaging adicara menika.

Bapak Soeharto Sugiho sekaliyan namung saged memuji mugi – mugi sedaya kesaenan panjenengan pikantuk lelintu ganjaran saking Allah SWT ingkang matikel-tikel. Aamiin.
Mboten kesupen, wonten kiranging suba sita anggenipun ananggapi para rawuh, saha kuciwaning anggenipun caos palenggahan , saha sanes – sanesipun saestu bapak Soeharto Sugiho sekulawarga nyuwun agunging samodra pangaksami.

Ing wasana para tamu kasuwun kanthi saged kaparenga anglajengaken anggenipun sami lelenggahan kanthi suka renaning penggalih sinambi angresepi pasugatan ingkang kaladosaken ngantos dumugi paripurnaning pawiwahan menika.

Cekap mekaten atur kula, mbok bilih anggen kula ngaturaken pambagyaharja sugeng rawuh menika wonten galap gangsuling atur, saha kirang trapsila anggen kula matur, mugi para rawuh kersa paring gunging samodra pangaksomo.

Akhirulkalam billahit taufik wal hidayah, wassalamualaikum wr.wb nuwun

No comments:

Post a Comment

Semoga bermanfaat \o/~~
jangan lupa komentarnya ya ;)

Yang komentar menggunakan 'Anonim' tidak aku tanggapi, maaf ya ^^
Kamu tetap bisa komen pakai pilihan 'Nama/URL' dengan URL kamu kosongi :)