Monday, December 3, 2012

Lagu Daerah Jateng :)

Udah lama nih gag ngepos :D
Tapi buat kali ini, aku mau ngepos lagu-lagu daerah dari Jawa Tengah :)
Semoga bermanfaat :)



GEK KEPRIYE
Duh kaya ngene rasane
Anake wong ora duwe

Ngalor ngidul tansah diece

Karo kanca kancane
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe
Pye pye pye pye ya ben rasakna

Pye pye pye pye rasakna dewe
Besuk kapan aku bisa
Urip kang luwih mulya
Melu nyunjung drajating bangsa
Indonesia kang mulya
Pye pye pye pye mbuh ra weruh
Pye pye pye pye mbuh ra ngerti
Pye pye pye pye mbuh ra weruh
Pye pye pye pye mbuh ra ngerti

LIR-ILIR
Ilir-ilir tandure wus sumilir
tak ijo royo-royo tak sengguh penganten anyar
cah angon cah angon penekna blimbing kuwi
lunyu-lunyu penek-en kanggo masuh dododira
dododira-dododira kumitir bedhahing pinggir
domana jlumatana kanggo seba mengko sore
mumpung gede rembulane mumpung jembar parangane
gya suraka surak horé!


GAMBANG SULING
Gambang suling ngumandang swarane
Tulat tulit kepenak unine

Unine mung nrenyuh ake
Barengan lan kentrung ketipung suling
Sigrak kendangane

GUNDUL-GUNDUL PACUL
Gundul gundul pacul cul gembelengan
Nyunggi nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak latar

Wakul ngglimpang segane dadi sak latar

JARANAN
Jaranan jaranan jarane jaran Teji
Sing numpak Mas Ngabehi, sing ngiring para abdi
Jrek jrek nong, jrek jrek gung jrek ejrek turut lurung
Gedebuk krincing gedebuk krincing thok thok gedebuk jedher
Gedebuk krincing gedebuk krincing thok thok gedebuk jedher

MENTHOK-MENTHOK
Menthok, menthok tak kandhani
Mung lakumu angisin isini
Mbok ya aja ngetok ana kandhang wae
Enak enak ngorok ora nyambut gawe
Menthok, menthok mung lakumu
Megal megol gawe guyu

PADANG WULAN
Yo 'pra kanca dolanan ing jaba
padhang wulan padhange kaya rina
Rembulane e sing awe-awe
ngelingake aja padha turu sore
Yo 'pra kanca dolanan ing jaba
rame-rame kene akeh kancane
Langite pancen sumebyar rina
yo padha dolanan sinambi guyonan

2 comments:

Semoga bermanfaat \o/~~
jangan lupa komentarnya ya ;)

Yang komentar menggunakan 'Anonim' tidak aku tanggapi, maaf ya ^^
Kamu tetap bisa komen pakai pilihan 'Nama/URL' dengan URL kamu kosongi :)