Monday, December 3, 2012

Pidato Bahasa Jawa

Lagi-lagi aku ngepos tentang pelajaran :)
Ya.., siapa tau aja bermanfaat :)

langsung aja, kali ini aku ngepos tentang Pidato B.Jawa :D


MALAM BAZAR

            Assalamu’alaikum Wr. Wb.
          Bapak-bapak, ibu-ibu lan para tamu undangan ingkang satuhu kinurmatan. Para sadherek ingkang kula tresnani. Ngaturaken gunging panuwun dhumateng kadang panatacara ingkang sampun paring wekdal dhumateng kula saperlu ngaturaken tanggap wacana, minangka pangarsaning panitia, kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng para wuhi lan nggayengaken adicara bazar dipun wontenaken dening Karang Taruna Perumahan Josroyo Indah.
          Para rawuh sedaya ingkang bagya mulya, Karang Taruna Perumahan Josroyo Indah ambetahaken dana ingkang mboten sakedhik kangge pembangunan lan kemajengan, kanthi bazar utawi pasar amal punika ing pangangkah bapak ibu lan sadherek sedaya kanthi ikhlasing manah keparenga paring pambyantu.
          Dene caranipun nun inggih panjenengan sekaliyan mundhut barang-barang ingkang sampun kula gelar wonten ing bazar punika, kanthi cara makaten panjenengan saged ngamal lan pikantuk barang, mboten awis regi-regi ingkang kasade, cobi prayogi dipun pirsani langkung rumiyin, menawi cocok prayogi kapundhut.
         Wonten ing malam bazar punika ugi kagelaraken pinten-pinten hiburan, awit saking punika manawi adicara dereng purna ngantos tuntas.
          Bapak-bapak, ibu-ibu sadherek lan para rawuh. Minangka pangarsaning panitia sepisan malih ngaturaken agunging panuwun dhumateng sedaya pihak ingkang sampun kepareng sabyantu sahingga kaleksananing adicara punika, mugi-mugi para bapak lan para rawuh sedaya mboten kuciwa punapa ingkang saged kaaturaken dening panitia.
          Mboten kasupen sagunging para panitia nyuwun pangapunten ingkang saageng-agengipun menawi wonten samukawis punapa kemawon ingkang kirang anuju karsa panjenengan. Wusananipun sugeng mirsani malam bazar utawi pasar amal wonten kiranging basa thithaling atur tansah nyuwun gunging samodra pangaksami, panutuping atur Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

2 comments:

  1. AAAA!!
    Akhirnya aku dapet pidato bahasa jawa :)
    makasih :)

    ReplyDelete

Semoga bermanfaat \o/~~
jangan lupa komentarnya ya ;)

Yang komentar menggunakan 'Anonim' tidak aku tanggapi, maaf ya ^^
Kamu tetap bisa komen pakai pilihan 'Nama/URL' dengan URL kamu kosongi :)